Kamis, 24 November 2011

GEGURITAN PAK HUDA

Geguritan

     Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka tembung “gurit” sing tegese kidung, tembang utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani guritan yaiku puisi Jawa. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.
     Geguritan kaperang dadi loro (2) yaiku geguritan tradisional lan geguritan modern. Geguritan tradisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik saben pada (bait), cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara (persajakan). Kang kagolong geguritan tradisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe.
     Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradisional. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake cacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharake karep. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diarani geguritan.
Carane nganggit utawa nulis geguritan
     Kanggone pangripta kang wis mahir (kulina) nganggit, nulis geguritan kuwi dudu perkara kang angel. Apa kang ana ing angen-angene diwedharake kanthi tembung-tembung kang ditata ana ing larik-larik mesthi wis dadi apik. Nanging kanggone bocah-bocah / siswa-siswa, luwih-luwih siswa ing tataran SMP, nggawe geguritan kuwi dadi pagawean kang angel lan abot mula perlu pituduh cara kanggo nggampangake.

Cara kanggo nggampangake nganggit/nulis geguritan:
1. Temtokna luwih dhisik underaning gagasan (tema) kanga rep 
    dirembug.
2. Yen undheraning gagasan wis ditemtokake banjur dimligekake 
    (spesifikasi).
3. Tema kang wis dimligi mau gawea cengkorongane (kerangka).
4. Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembung
    lan tatanen ing larik-larik.
5. Kanggo nambahi  endahe, gunakna purwakanthi, baliswara, 
    pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek ing kamus.

Tuladhane mengkene:
     Bocah-bocah arep nggawe geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam kuwi rupa-rupa, bisa banjir, gunung mbledhos, lindhu. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik. Umpamane mengkene:
1. Apa sing nyebabake banjir
2. Kepriye kedadeane
3. Kepriye akibate
4. Apa hikmah kang bisa disinau saka kedadean banjir.

Cengkorongan banjur diwedharake, dijlentrehake sarana tembung-tembung kang ditata ing larik-larik mangkene.
Ibu
susah, kesel mengepungku
mbucal ala kesusahan ana ing jantungku
ana panggonan wiar aku ambruk lan sakit
ditambah rasa sedih...


Ibu...
Panjenengan dadekake kalian semangat panjengan
Panjenengan pepundhen kang bukak dalanku
Ing kono ana lagu kang panjenengan tembangaken
ngayomi aku saka percikan geni kesusahan

Ibu
Manah panjenengan kaya alas kang ijo
kang wiar lembut kaya aku
ngilangna lesu lan ngestapa
dilemeki sayang lan mesra

Ibu...
Panjenenganlah srengenge lan rembulan
kang ngancani lungaku
ggoleti dalan suargo
ing tlapak samparan panjenengan

                                                            kapetik saka
                                                            Regita Ratna Sari
                                                            Kelas VII A

Wulan
wulan, geneya rupamu kucel
apa kowe mangkel
banjur dadi anyel
nyawang wanita padha pamer wudel
       wulan, geneya amping-amping mega
       apa kowe gela yen para wanita
wis padha lali marang tata
wulan, mesema...
isih ana aku
kang setya budhaya

                                                         kapetik saka
                                                         Fadhilah Risqa N.B
                                                         Kelas VII B
                                                        sumber: Buku Bahasa Jawa kelas 6

Tidak ada komentar:

Posting Komentar