Kamis, 24 November 2011

Soal UTS Kls VIII Gasal

ULANGAN UMUM TENGAH SEMESTER GASAL
TAHUN PELAJARAN 2011 - 2012

   Mata Pelajaran       : Bahasa Jawa
   Kelas / Semester     : VIII/1
   Hari/Tanggal          :
   Waktu                     : Pukul 10.00-11.30
Petunjuk Umum :
  1. Berdoalah  sebelum mengerjakan
  2. Tulislah lebih dahulu nomor identitas anda pada lembar jawab
  3. Bacalah setiap nomor dengan teliti sebelum mengerjakan
  4. Kerjakan semua nomor dengan teliti pada lembar jawab
  5. Kerjakan soal yang paling mudah terlebih dahulu.
  6. Periksalah pekerjaan anda paling mudah terlebih dahulu.

I.         Pilihen salah siji jawaban sing paling bener lan menehi tanda (X) ing huruf a, b, c, utawa d ing lembar jawab kang disediaaken !

Gatekna wacana ing ngisor iki! Wacana iki kanggo nomer 1-4
Wacana I
Ing pertapan Jatisrana ana pandhita aran Begawan Suwandagni. Sang Begawan nduweni anak loro lanang kabeh aran bambang Sumantri lan Raden Sukrasana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukrasana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan  rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Semono uga Raden Sukrasana. Nalika Sumantri wis dewasa Begawan Suwandagni  ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bawor . Begawan Suwandagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabau supaya dibalekake.

1.      Kang lagi tapa ing pertapan Jatisrana yaiku …
a.       Begawan Suwandagni
b.      Raden Sukrasana
c.       Bambang Sumantri
d.      Raden Harjuna Sasrabau
2.      Bambang Sumantri nduweni rama kang jenenge …
a.       Harjuna Sasrabau
b.      Raden Sukrasana
c.       Begawan Suwandagni
d.      Begawan Durna
3.      Begawan Suwandagni nduweni puta loro lanang kabeh, kang salah sijine ana kang awujud buta bajang yaiku …
a.       Raden Gathotkaca
b.      Raden Arjuna
c.       Raden Sukrasasra
d.      Raden Sukrasana
4.      Bambang Sumantri banjur ditundhung.
Tembung ditundhung duweni teges …
a.       diusir / diurak                                                       c. dirembug
b.      dibuang                                                                 d. diarih-arih

5.      Begawan Suwandagni ngendika supaya Sumantri ngenger utuwa suwita menyang Negara Maespati.
Tembung ngendika krama lugune yaiku …
a.       matur
b.      sanjang
c.       ngomong
d.      ngrumpi

Gatekna wacana ing ngisor iki! Wacana iki kanggo nomer 6-8
Wacana II

Dewa Ruci kahyangan ing telenging samodra uga ana sing nyebut samodra Minangkalbu, kang ateges panggonane ana ing telenging ati sanubari. Kepriye mungguh silsilahe Sang Dewa Ruci durung ana buku kang ngandharake. Dewa Ruci uga sinebut Dewa bajang, malah ana kang ngluhurake sinebut : Sang Marbudyengrat. Anehe sanadyan salirane Dewa Ruci iku kena diarani cilik menthik, nanging guwa garbane ora sesak dileboni Bratasena kang gedhe salirane. Malah bareng wis ana ing jero guwa garbane Dewa Ruci ing kono isi srengenge, rembulan, lintang-lintang lan saisine jagad kabeh iki. Manawa dicundhukake karo ngelmu ghaib Bratasena manjing ing guwa garbane Dewa Ruci kuwi selaras. Klawan unine sesebutan “Warangka Manjing Curiga” utawa raga ngleboni sukma. Ya ing kono mau Bratasena antuk wejangan ngelmu ghaib.

6.      Wayang crita lakon “Sang Guru Dewa Ruci” iku bangunan sing kaemot ana ing serat …
a.       Astaka Purwa
b.      Ramayana
c.       Pustaka Parwa
d.      Mahabharata
7.      Ing crita Sang Guru Dewa ruci sing kepengin maguru Sang Guru Dewa Ruci yaiku …
a.       Bratasena
b.      Bambang Sumantri
c.       Pandhita Durna
d.      R. Arjuna
8.      Crita Sang Guru Dewa Ruci iku kapetik saka …
a.       Mekar Sari No. 17. Tanggal 2 April 2007
b.      Penyebar Semangat No. 16. Tanggal 18 April 2005
c.       Pustaka Candra No. 3. Tanggal 20 Mei 2007
d.      Jaya Baya No. 5. Tanggal 7 Mei 2007
9.      Bu Fathia        : “Ul, apa kowe miki wis turu awan?”
Ulfa                 :”…”
Wangsulan Ulfa kang bener yaiku …
a.       wis Bu, mau aku wis turu awan
b.      sampun Bu, aku mau wis turu awan
c.       sampun Bu, kula wau sampun tilem siang
d.      sampun Bu, kula wau sampun sare siang
10.  Yen Bapak lagi ngomong kudu dirungokake
Ukara iki yen didadekake basa krama alus yaiku …
a.       menawi Bapak saweg matur kedah dipun mirengaken
b.      menawi Bapak saweg ngobrol kedah dipun mirengaken
c.       menawi Bapak saweg ngendika kudu dirungokake
d.      menawi Bapak saweg ngendika kedah dipun mirengaken

Tidak ada komentar:

Posting Komentar