Minggu, 20 November 2011

Pidato Bahasa Jawa Pak Huda

Bab gawe sesorah utawa pidhato kuwi kudu ngerti kerangka/cengkorongan kang ana lima, yaiku salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, pangarep-arep lan panutup. Biyasane ana kang ditambahi sedurunge purwaka basa yaiku muqaddimah lan atur pakurmatan kaya tuladha ing ngisor iki.

Assalamuallaikum wr. wb.
Alkhamdulillahilladzi arsala rosullahu bil huda wadinnil haqqi liyudhirohu ngala dinni kullih, walau karihal musyrikun. amma ba'du
Hadhrotal mukhtaromin para 'alim para ulama alladzinahum miwwarosatil anbiya, wabil akhos panjenengannipun Bpk KH...... ingkang kita dhereki.
Dhumateng para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan.

Ingkang sepindhah/sepisan, mangga kula lan panjenengan sedaya ngonjukaken raos syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan, karahmatan, taufik saha hidayahipun, sahingga kula lan panjenengan sedaya saget kempal wonten majlis punika kanthi boten mangge alangan setunggal punapa.

Kaping kalihipun sholawat lan salam mugi konjuk wonten nabi Muhammad saw.

Wonten mriki kula badhe ngaturaken bab "Idul Adha".
Allah swt sampun maringi kalih dinten riyadi dhateng sedaya umat Islam, inggih punika 'idul adhha lan 'idul fitri. Ingkang pundi idul fitri umat Islam ingkag gadhai keunggulan dhaharan pokok dipun wajibaken ngedalaken zakat fitrah kangge tiyang ingkang hak nampi zakat punika. Nalika wonten 'idul adhha tiyang ingkang mampu dipun sunahhaken nglampahi qurban.
Punika Islam, setunggale agama ingkang gadhahi kepedulian ingkang inggil menggah sesami muslim khususipun lan kaum dhu'afa umumipun.
Setunggale hal ingkang pantes kita syukuri inggih punika aningkatipun cacahe kewan qurban ingkang dados indikasi kesadaran ummat Islam saking perintah Allah swt.ingkang wonten Al qur'an surat Al kautsar ayat 1-3 ingkang artosipun mekaten "temen setuhune Kami uwis aweh marang sira nikmat kang akeh. Mula jumenenga sholat amarga Tuhanmu. lan korbano sira. temen setuhune wong-wong kang ora seneng marang kowe, termasuk wong sing putus".
 
FADHILAH NGLAKONI QURBAN
Rasullullah saw maringi andharan/penjelasan bab fadhilah qurban, salah setunggale hadist saking Aisyah ra, nabi saw ngendika "ora ana suatu amalan seka keturunan adam saka hari Nahar kang luwih disenengi Allah azza wa jalla daripada nyembelih qurban; lan temen setuhune arep teka dina qiyamat karo tanduke, karo kotorane, lan wulu-wulune. Lan temen setuhune getih kang mili iku arep ditampa sedurung getih kuwi tiba marang lemah. Mula suci-na awakmu kanthi nyembelih qurban." (HR. At Tirmidzi lan Abu Dawud)
Wonten hadist ing nginggil punika ingkang intinipun Allah badhe ngapunten dosa-dosa tiyang ingkang ngelampahi qurban wonten ing tetesan kawitan kang medal saking kewan qurban wau.

Mula, ayo para sedherek sami nglampahi qurban dhateng panjenengan ingkag mampu.

Cekap semanten saking kula, kathah lepat nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamuallaikum wr. wb.


Mugi-mugi manfaat. Amin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar