Minggu, 20 November 2011

MACAPAT BAHASA JAWA PAK HUDA

Gambuh


SMP patrapipun
Para siswa padha golek ngelmu
Kudu sregep tansah ngabekti lan ngesthi
Muga urip sira besok
Dadi manungsa kang mulya

Ana ing tembang macapat kudu dingerti bab :
1. Guru gatra
    Yaiku cacahe baris / gatra ana ing tembang macapat
2. Guru lagu
    Yaiku tibaning swara pungkasan / ahir ana ing saben-saben gatra
3. Guru wilangan
    Yaiku cacahe suku tembung / ucap ana ing saben-saben sa gatra
Tembang macapat ing duwur nduweni guru gatra : 5. Guru lagu u, u, i, u, o. Lan guru wilangan 7, 10, 12, 8, 8.


Pocung

Dhuh anakku sungkemu mring bapak ibu
Njaluk tambah donga
Aja nakal tansah bekti
Besuk gedhe dadi priyayi kang mulya

1. Guru gatra : 4
2. Guru lagu : u, a, i, a
3. Guru wilangan : 12, 6, 8, 12

Maskumambang

Manten kakung gya njupuk kembang melathi
Jangkahe waspada
Ngebet mawas mring sang putri
Kaya datan bisa sranta

1. Guru gatra : 4
2. Guru lagu : i, a, i, a.
3. Guru wilangan : 12, 6, 8, 8.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar